So Ramen iku termasuk salah sijine warung makan ing jepang sing nyediaake mi ramen. mi ramen nang kene ora biasa, amargo mi ramen ning restoran iki ana level pedese, dadi pelanggang biso milih tingkat pedese mi ramen sing meh dipesen. ana level siji tekan lima.ananging ora kabeh ramen ana levele. ramen sik ana levele yaiku mung jigoku ramen karo ...ramen. sek liyane ra ana. ning kono yo ana ramen tanpa kuah alias ramen goreng. minumane ana teh jepang arane ocha. panggonane ugo enak, dekorasine sesuai tema jepang. lan penakke maneh, ana komik akeh ning kono. dadi ora bosen le nunggu pesenane teko. regane ugo murah. aku mesen jigoku mung diregani 14 DR. lan ocha mung 4,5 DR. murah to.
ananging sekopenilaianku 1 tekan 10, warung iki mung entuk nilai 3 amarga seko rasa kurang. mung koyo mi ayam biasa, trus bahan2.e yo mung njupuk bahan lokal.mung bentuk.e tok sek mirip.
iki penampakane jigoku rame
iki teh ochane..tapi rasane mung koyo teh biasa ki..
opo aku sek ra ngerti rasane oca ya...
mbuh
lagi lagi karo hera...ahahahaha...pancen aku karo hera koyo wong pacaran. gaweane dolan lan maem bareng..
untung dewe podo2 jomblo..
hehehe
Tidak ada komentar:
Posting Komentar