Rabu, 19 Juni 2013

ala jepang again

ki maneh maem ala jepang..lagi kepengen maem bersumpit sih..ahahahah...
sek iki panggonane ana ing hoka hoka bento..rodo high class sithik lah..kolo kolo..
pengene maem karo teh ocha juga..tapi duit yo wes mepet dadi mung sanggup mbayari teh kotak..
meh pesen wae bingung dewe..aku hera, lan avi dasare podo wae longko mlebu hokben. dadi clingak clinguk sek meh pesen opo..aku sih konsen milih sek rego lan rupane lumayan enak..hera milih sek durung tau dirasakke. biasalah..keluargane tukang jajan kabeh.. si avi podo wae..menyesuaikan cita rasa.. aku sih sek penting biso dipangan. nah ben iso dipangan ki sek regane biasa wae.. tapi kenyataane, neng hokben ki seporsi minimal 13 ewuan lah... sek tak pesen rupane koyo ngene iki..biasa sakdurunge di foto, pasti aku wes nyicip sek..ben ra gelo nek wes bangga bangga di foto jebul ra enak kan percuma..ora biso di gawe cerito..

aku wes lali jenenge opo..pokoke jepang jepang ngono..katsu bla bla bla deh..
ki enak banget.. tapi tak pikir2, kuwi sek diiris iris yo mung kubis tapi di kei mayo plus saos, makane dadi enak.. sek terutama enak lan ora biso di ganti kinasi putih e..amarga ben rasa katsu dadi mantep.kudu nggunaake beras jepang.. aku mikire nek nggo beras jowo,, upamaake nganggo rojo lele lah.. ndak iso di sumpit yo...ahahahahaha

Tidak ada komentar:

Posting Komentar