jenenge warung selat bu lis.
pertama aku menyang rono, aku langsung bingung. iki warung selat alias warung makan... tapi kok koyo toko keramik. kenopo?? amarga yen kowe maem nang warung selat iki, kowe ugo bakal disuguhi macem macem aneka keramik.. meja maken sek mbok enggo yo seko keramik. tempat duduk, wastafel, kabeh aksesoris tokone pokoke nggo keramik kabeh. ojo kaget yen kowe teko rono, trus wes ana tempat makan sek wes di bocking,. tempate enak, asri lan ana tembang tembang jowone.. ana rumah selat iki ana 3 macam selat, yaiku selat bestik, selat kuah seger, selat kuah sop. lan ora mung selat.. tapi ugo ana setup makaroni, ana tahu kupat. macem 2 kok. kowe biso pesen es teler, es buah, es beras kencur. lan akeh liyane. tenang wae,.. yen nang kene kowe ra bakal balik omah ra nggowo duit,.. amarga murah meriah kok. dadi nikmati wae le maem karo ndelok perabot keramik sek antik antik. ..
oh ya. ana siji neh sek unik. dadi nang tembok warunge ki di pasangi keramik sek mangkok..trus pengunjung biso nuliske komentar lan jenenge nang warung iki...
ana pak bondan winarno, ana kedubes RI lan swiss sek maem bareng nang kene. lan wong wong penting ugo terkenal liyane sek seneng maem nang kene...
lagi lagi.. aku maem karo hera maneh..ahaahaah..
sek siji seneng jajan, sek siji seneng kuliner..yo dadine cocok.. pasti nek dolan wong loro. pasti mampir nang tempat makan sek durung tau..ki makannanku lan hera...
biasa neh..makanane setengah jalan dilahap..
sek tak pesen kuwi jenenge selat bestik...regane mung 8000 nek ra salah.. trus minume aku pesen es beras kencur..wuwww,,,mak nyus mbak mas..
hera mesen es teler, karo selat bestik..biasa..galauers nek maem mesti podo..hahaha
cukup puas mung biso maem nang warung selat bu lis tapi ra nganggo ngantri,... wuw..untung jeh ana mejo sek kosong.. asyik pokooe....
WARNING!!
KUDU NJAJAL YEN MENYANG SOLO!!
OK MBAK MAS.. :)