Selasa, 28 Januari 2014

omah selat

Lokasinya di jebres surakarta. Kalau kamu tau pertigaan sebelum indomaret jebres. Lalu belok kiri..setelah itu hanya melewati 4 bangunan maka akan langsung terlihat papan bertuliskan omah selat. Resto ini unik. Selain menyajikan berbagai makanan dengan varian pasti dari menu selat, disana juga menyajikan suasana yang oke bingit.. memadukan antara unsur klasik, jawa, bali, kristus dan cina ini, resto ini menjadi punya daya tarik tersendiri. Serasa makan di rumah sendiri, dengan gaya meja kursi yg ditata secara private, membuat lokasi makan seakan menjadi milik sendiri. Cocok untuk berkumpul keluarga. Hawa udara berbau dupa beraroma, membuat suasana menjadi hangat. Dengan diiringi gemericik air, membuat mood makan menjadi berselera. Senambi menunggu pesanan datang, kita bisa melihat sekeliling. Beberapa barang antik dan pernak pernik klasik yang ditampilkan di sekeliling ruangan.
Dan akhirnya datang juga. Pesananku selat iga bakar. 

Dan ini pesanan temanku, hera. Dia memesan selat sherloin beef.


Menurutku ini rasanya unik. Makanan ini gag bisa dimakan satu-satu. Enaknya dan uniknya kalau dimakan bersamaan.
Jadi paduannya itu ada daging, dengan siraman kuah selat yg sedikit manis, kemudian dengan tambahan kentang kukus, potongan ubi ungu dengan keripik ubi, ditambah selatnya ada selada, jagung, tomat dan biji koro yang dikukus dengan disiram mayonaise. Selain itu uniknya adalah potongan daun mint yg ditaburkan diatas daging. Membuat tengorokan menjadi segar. 
Yang beda disini adalah soal dagingnya aja. Yang aku pesen pakek daging iga bakar. Kalau yg punya hera itu dagingnya daging sapi tapi yg sherloin. Paling cuma beda bagiaannya aja sih.. 
Tapi leeeeziiiiisssssss bingit.. I love it

Senin, 30 September 2013

Tahune semarang

upomo kowe sak konco dolan marang semarang, ana panganan kan kudu banget banget di coba. yaiku tahu gimbal. panganan iki di gawe seko tahu sek di goreng, ugo di bumboni sambel kacang. plus di kei irisan seledri, kobis, lontong, telur ceplok, lan gorengan bakwan. enak banget pokoe. cocok gawe menu sarapan kowe. regone ugo murah. mung 7000 rupiah plus wedang teh panas 1500. total 8500 rupiah wes oleh weteng wareg, lambe puas lan kantong aman.
wajib di coba

Rabu, 19 Juni 2013

warung keramik vs warung makan

iki salah sijine warung nang solo sek kudu di parani yen kowe menyang solo.. amarga iki warung nyentrik tapi sajiane manteb.. bocoran, pak bondan winarno wes tau singgah rene..
jenenge warung selat bu lis.
pertama aku menyang rono, aku langsung bingung. iki warung selat alias warung makan... tapi kok koyo toko keramik. kenopo?? amarga yen kowe maem nang warung selat iki, kowe ugo bakal disuguhi macem macem aneka keramik.. meja maken sek mbok enggo yo seko keramik. tempat duduk, wastafel, kabeh aksesoris tokone pokoke nggo keramik kabeh. ojo kaget yen kowe teko rono, trus wes ana tempat makan sek wes di bocking,. tempate enak, asri lan ana tembang tembang jowone.. ana rumah selat iki ana  3 macam selat, yaiku selat bestik, selat kuah seger, selat kuah sop. lan ora mung selat.. tapi ugo ana setup makaroni, ana tahu kupat. macem 2 kok. kowe biso pesen es teler, es buah, es beras kencur. lan akeh liyane. tenang wae,.. yen nang kene kowe ra bakal balik omah ra nggowo duit,.. amarga murah meriah kok. dadi nikmati wae le maem karo ndelok perabot keramik sek antik antik. ..
oh ya. ana siji neh sek unik. dadi nang tembok warunge ki di pasangi keramik sek mangkok..trus pengunjung biso nuliske komentar lan jenenge nang warung iki...
ana pak bondan winarno, ana kedubes RI lan swiss sek maem bareng nang kene. lan wong wong penting ugo terkenal liyane sek seneng maem nang kene...
lagi lagi.. aku maem karo hera maneh..ahaahaah..
sek siji seneng jajan, sek siji seneng kuliner..yo dadine cocok.. pasti nek dolan wong loro. pasti mampir nang tempat makan sek durung tau..ki makannanku lan hera...
biasa neh..makanane setengah jalan dilahap..





sek tak pesen kuwi jenenge selat bestik...regane mung 8000 nek ra salah.. trus minume aku pesen es beras kencur..wuwww,,,mak nyus mbak mas..
hera mesen es teler, karo selat bestik..biasa..galauers nek maem mesti podo..hahaha
cukup puas mung biso maem nang warung selat bu lis tapi ra nganggo ngantri,... wuw..untung jeh ana mejo sek kosong.. asyik pokooe....

WARNING!!
KUDU NJAJAL YEN MENYANG SOLO!!
OK MBAK MAS.. :)


ala jepang again

ki maneh maem ala jepang..lagi kepengen maem bersumpit sih..ahahahah...
sek iki panggonane ana ing hoka hoka bento..rodo high class sithik lah..kolo kolo..
pengene maem karo teh ocha juga..tapi duit yo wes mepet dadi mung sanggup mbayari teh kotak..
meh pesen wae bingung dewe..aku hera, lan avi dasare podo wae longko mlebu hokben. dadi clingak clinguk sek meh pesen opo..aku sih konsen milih sek rego lan rupane lumayan enak..hera milih sek durung tau dirasakke. biasalah..keluargane tukang jajan kabeh.. si avi podo wae..menyesuaikan cita rasa.. aku sih sek penting biso dipangan. nah ben iso dipangan ki sek regane biasa wae.. tapi kenyataane, neng hokben ki seporsi minimal 13 ewuan lah... sek tak pesen rupane koyo ngene iki..biasa sakdurunge di foto, pasti aku wes nyicip sek..ben ra gelo nek wes bangga bangga di foto jebul ra enak kan percuma..ora biso di gawe cerito..

aku wes lali jenenge opo..pokoke jepang jepang ngono..katsu bla bla bla deh..
ki enak banget.. tapi tak pikir2, kuwi sek diiris iris yo mung kubis tapi di kei mayo plus saos, makane dadi enak.. sek terutama enak lan ora biso di ganti kinasi putih e..amarga ben rasa katsu dadi mantep.kudu nggunaake beras jepang.. aku mikire nek nggo beras jowo,, upamaake nganggo rojo lele lah.. ndak iso di sumpit yo...ahahahahaha

Minggu, 09 Juni 2013

mi ramen ing solo

So Ramen iku termasuk salah sijine warung makan ing jepang sing nyediaake mi ramen. mi ramen nang kene ora biasa, amargo mi ramen ning restoran iki ana level pedese, dadi pelanggang biso milih tingkat pedese mi ramen sing meh dipesen. ana level siji tekan lima.ananging ora kabeh ramen ana levele. ramen sik ana levele yaiku mung jigoku ramen karo ...ramen. sek liyane ra ana. ning kono yo ana ramen tanpa kuah alias ramen goreng. minumane ana teh jepang arane ocha. panggonane ugo enak, dekorasine sesuai tema jepang. lan penakke maneh, ana komik akeh ning kono. dadi ora bosen le nunggu pesenane teko. regane ugo murah. aku mesen jigoku mung diregani 14 DR. lan ocha mung 4,5 DR. murah to.
ananging sekopenilaianku 1 tekan 10, warung iki mung entuk nilai 3 amarga seko rasa kurang. mung koyo mi ayam biasa, trus bahan2.e yo mung njupuk bahan lokal.mung bentuk.e tok sek mirip.
iki penampakane jigoku rame

iki teh ochane..tapi rasane mung koyo teh biasa ki..
opo aku sek ra ngerti rasane oca ya...
mbuh



lagi lagi karo hera...ahahahaha...pancen aku karo hera koyo wong pacaran. gaweane dolan lan maem bareng..
untung dewe podo2 jomblo..
hehehe

Senin, 27 Mei 2013

taun 2013

jaman sakmeniko sampun benten kalian jaman rumiyen, nopo maleh bab tata krami. lare lare sakniki sampun isen bilih ngeginaaken basa jawi ingkang krama, sakpuniko ngetrendnipun ngagem basa inggris. basane wong barat. padahal unggah ungguh basa kagemipun wong jawi puniko inggih nggambaraken tata krami marang wong ingkang luwih sepuh, ingkang dihormati.
ananging jaman sampun berubah, basa inggris puniko sampun dados basa international ingkang digunaaken kalian wong setunggal donya. dados basa ingkang dimangertos kalian sedoyo manungso.
pramilo monggo, dhumateng para muda mudi supados mboten perlu isen ngagem basa jawi marang bapak ibu, kalian sinten kemawon ingkang dihormati.
setunggal langkah kagem nglestareaken basa jawi