Senin, 27 Mei 2013

taun 2013

jaman sakmeniko sampun benten kalian jaman rumiyen, nopo maleh bab tata krami. lare lare sakniki sampun isen bilih ngeginaaken basa jawi ingkang krama, sakpuniko ngetrendnipun ngagem basa inggris. basane wong barat. padahal unggah ungguh basa kagemipun wong jawi puniko inggih nggambaraken tata krami marang wong ingkang luwih sepuh, ingkang dihormati.
ananging jaman sampun berubah, basa inggris puniko sampun dados basa international ingkang digunaaken kalian wong setunggal donya. dados basa ingkang dimangertos kalian sedoyo manungso.
pramilo monggo, dhumateng para muda mudi supados mboten perlu isen ngagem basa jawi marang bapak ibu, kalian sinten kemawon ingkang dihormati.
setunggal langkah kagem nglestareaken basa jawi